.do-not-copy { -webkit-user-select:none; -khtml-user-select:none; -moz-user-select:none; -ms-user-select:none; user-select:none; }

Sabtu, 13 Desember 2014

Lirik Lagu SOUL OF REBELL (LAGU HIP HOP JAWA)




SOUL OF REBELL
 
Adalah . . .
Sebuah group hip hop asal jogja yang mengusung lagu-lagu bahasa jawa bertema patah hati
Kebanyakan merupakan ciptaan dati soul of rebell sendiri tema lagu yang diusungnya dengan aliran hip hop bahasa jawa
Ada pula lagu coveran dari penyanyi lain. Tentu saja lagunya bahasa jawa dan bertema patah hati atau pun tentang penantian, untuk menyihir pendengar untuk mendengarkan lagu patah hati
Ada beberapa yang termixing dengan baik tapi ada beberapa pula yang suaranya malah flash dan kurang baik rekamanannya seperti contohnya lagu penantian. Yang saya nilai sangat hancur padahal konsep lagunya bagus.
Oleh karena itu lirik lagu yang saya berikan disini, lagu-lagu dari soul of rebell yang keren untuk didengarkan, sekali lagi menurut saya.
Maaf untuk biografinya tidak saya berikan karena saya mencari-cari kemana-mana hasilnya nihil. So. . . mohon pengertiannya.
Silahkan menyimaknya disini. . .




Ninggal Aku
  
Reff .
Yow mung sliramu.. sing ning atiku,
Sak lawase uripku mung kanggo awakmu
Opo kowe tego ninggalke aku
Jrone batinku netes iluhku

Sliramu sing saben dino ono neng pikiranku
Nganti sliramu kegowo ono neng mimpiku
Padahal aku wis coba nglalekake sliramu
Tak lalike nganti keloro-loro atiku
Aku ngerti pancene aku wong sing ra duwe
Ra pantes trima trisno tulus soko kowe
Ngopo kowe tego gawe aku koyo ngene
Mugo sing tak lakoke iki ono balesane

Kowe wis tak wanti-wanti ojo nganti mblenjani
Mblenjani janji sing mbok ucapke soko ati
Kui tresno dijogo ojo malah dilarani
Mergane larane mung gawe nyeseke neng ati
Opo atimu mung saiki wis kanggo wong liyo
Kok kowe tego gawe atiku keloro-loro
Pancene sliramu uwis ora isoh setio
Ninggalke awakku tanpo ono rasa doso

Reff .
Yow mung sliramu.. sing ning atiku,
Sak lawase uripku mung kanggo awakmu
Ngopo kowe tego ninggalke aku
Jrone batinku netes iluhku

Saiki aku mung bisa nompo opo annane
Mergane aku wis iseh kerep gawe salah ro kowe
Opo kowe malah lungo ninggal aku dewe
Kowe ra mikir nek dadi aku piye larane
Jarene tresnomu mung kanggo aku tekanne mati
Tapi ngopo kowe malah tego mblenjani janji
Aku sing neng kene mung bisa nompo loro ati
Aku mung biso nyawang kowe karo nangisi

Esemanamu sing ra bakal gawe atiku loro
Gawe uripku dadi ra bakal nelongso
Nganti sliramu sak lawase neng uripku
Kui sing tak impekke neng saben wengiku
Opo kowe ra kroso nek kowe sing tak trisno
Nanging opo kowe kok malah mbalelo
 Saiki mikiro aku ki kurang opo
Kurang bagus, kurang sugih, opo kurang setio?

Reff.
Yow mung siji sliramu.. sing ning atiku,
Sak lawase uripku mung kanggo awakmu
Opo kowe tego ninggalke aku
Jrone batinku netes iluhku






PHP

Reff.
Jujur ati sing tak roso aku ra isoh
Yen nyawang kowe ro wong liyo
Mergo atiku wis loro
Ngenteni tresnomu.. sing wis gawe atiku dadi cidro  2x
                                                             
Bingung rasane aku iki kudu kepiye
Pas atiku ngroso tresna kok kudu koyo ngene
Roso tresno nggo awakmu sing wis tak pandeng suwe
Neng aku ra nyono kowe seneng koncoku dewe
Netes iluhku yen kelingan marang sliramu
Kebayang saben wektu ono ing jero atiku
Opo aku ra pantes nyanding awakmu
Ngenes sing tak rasake yen kelingan sliramu

Yowis aku ngalah timbang wetok kancaku bubrah
Aku trimo ngalah mergo aku ra pengen salah
Aku trimo wae cukup aku sing roso susah
Aku melu seneng yen nyawaang koncoku bungah
Jane aku ra lilo nek aku mentingke konco
Yen nyawang sliramu kui jane atiku loro
Nek setengah ati iki isih roso tresno
Neng ati mung trimo meneng aku wis coba trima

Reff.
Jujur ati sing tak roso aku ra isoh
Yen nyawang kowe ro wong liyo
Mergo atiku wis loro
Ngenteni tresnomu.. sing wis gawe atiku dadi cidro 

Yow mung ono siji pesenku kanggo kowe
Jogo tenanan ojo nganti loro atine
Mungkin kowe pancen luwih pantes dinggo wonge
Tansah mikirke aku iki wis cobo nglilangke
Aku nyoba nglilangke roso tresno neng ati
Aku yow ngerti yen wedokan kui ra mung siji
Neng ngopo aku tekan saiki aku ra biso lali
Yen pas kebayang esemanmu gawe tangise ati

Ra kuat ngempet loro yen pas weroh kowe bareng
Kowe sing tak tresno karo kancaku dewe seneng
Aku ngampet loro neng aku yow mung trimo meneng
Aku trimo sing penting kowe wong loro seneng
Wektu sing bakal ngilangke roso loroku iki
Ono wong liyo sing bakal gawe senenge ati
Sing isoh trimo apo anane soko aku iki
Trisno tulus sing tak jogo  nganti tekanne mati

Reff.
Jujur ati sing tak roso aku ra isoh
Yen nyawang kowe ro wong liyo
Mergo atiku wis loro
Ngenteni tresnomu sing wis gawe atiku dadi cidro  2x



KELINGAN JANJIMU

Reff.
Netes iluhku yen kelingan sliramu
Ra nyongko atiku, kowe ninggalke tresnaku
Aku.. mung isoh nangisi lungamu
Ninggalke aku, gawe loro atiku
Biyen janjimu ra bakal ninggalke tresnaku
Meneh janjimu ngucap jare mung ono aku
Sak lawase uripku, aku sing neng atimu
Lorone atiku, yen kelingan janjimu, ro aku.

Aku sing ra nyongko karo opo lelakonmu
Janji sak lawase neng lungo ninggalke tresnaku
Opo mergo bondo kowe tego ninggalke aku
Aku wis trima yen iki pancen keputusanmu

Aku nyoba nglalekake kabeh kenangan neng ati
Yen dieling-eling marai netes iluh iki
Opo salahku tekan saiki aku ra ngerti
Opo ono wong liyo sing ngrusak kabeh iki

Tak trimake kabeh iki tak anggep wis takdire
Rasa tresnamu yow mung nggo aku mung cukup semene
Yen saiki opo sing dadi kenyataanne
Saben dino yen kelingan aku mung biso nangis
Ra nyongko atiku, Yen kabeh janjimu mung lamis
Jebulane sliramu kui lambene yow mung tipis
Tinggal aku neng ati rasane koyo diiris

 Reff.
Netes iluhku yen kelingan sliramu
Ra nyongko atiku, kowe ninggalke tresnaku
Aku.. mung isoh nangisi lungamu
Ninggalke aku, gawe loro atiku

Biyen janjimu ra bakal ninggalke tresnaku
Meneh janjimu ngucap jare mung ono aku
Sak lawase uripku, aku sing neng atimu
Lorone atiku, yen kelingan janjimu, ro aku.
Yowis ora popo kabeh iki wis tak trimake
Aku yow isoh golek sing luwih soko kowe
Sing esoh nompo roso tresnaku opo anane
Ora mung waton ngucap akhire mung mbok tinggalke

Wis saking sabare aku ngadepi sliramu
Ning opo sliramu ra isoh ngerteni awakku
Cukup semene aku ngarepke tulus tresnamu
Nek tak pikir-pikir yow mung nglarani atiku

Atiku lan tresnaku wis tak tutup nggo sliramu
Rasah kowe ngarep bakal bali karo awakku
Aku wis cukup kesikso mergo kabeh tresnamu
Okeh wong liyo sing bakal esoh ngerteni aku
Aku mung jaluk kowe kui lungo sak lawase
Aku wis ra ngarep kowe bakal bali  neng kene
Tak trimake kabeh iki mergo wis takdire
Aku wis isoh trimo senajan loro rasane

Reff.
Netes iluhku yen kelingan sliramu
Ra nyongko atiku, kowe ninggalke tresnaku
Aku.. mung isoh nangisi lungamu
Ninggalke aku, gawe loro atiku

Biyen janjimu ra bakal ninggalke tresnaku
Meneh janjimu ngucap jare mung ono aku
Sak lawase uripku, aku sing neng atimu
Lorone atiku, yan kelingan janjimu, ro aku.




WIS  LILO

Chorus.
Nek pancen koyo ngene akhire
Cukup aku wae sing ngrasake lorone
Kabeh iki mungkin wis takdire
Aku mbok tinggalake tanpo mikir larane

Tak akuni pancen loro pas kowe ninggal lungo
Mergane kowe biyen ono neng jiwo lan rogo
Neng saben dino atiku mung mbok tak gawe loro
Opo biyen tresnamu kui mung sandiworo

Jarene rasa tresna nggo aku tenanan
Mergane jaremu aku lanangan idaman
Tiwas kowe gawe seneng atiku ra karuan
Jebul akhir ninggalke aku marai edan



Neng pancen nek ra seneng mbok ngomong ket disik
Dadine ora gawe atiku dadi kecelik
Kowe ninggalke aku tanpo tok pikir sikik
Tak kiro sliramu kui ki pancen uwong sing becik


Chorus.
Nek pancen koyo ngene akhire
Cukup aku wae sing ngrasake lorone
Kabeh iki mungkin wis takdire
Aku mbok tinggalake tanpo mikir larane

Aku yen kon nglalekke kowe soko uripku
Nek saget yen kowe wis ninggalke aku
Aku isih esoh golek sing luwih ayu
Sing isoh nerimo opo anane soko awakku

Mbok kiro kowe wadokan sing ayu dewe
Padahal akeh sing luwih apik soko kowe
Yen dadi bojoku aku mung soyo kere
Kowe tresno karo aku mergo duite

Kowe arep ngopo wae aku wis ora urus
Mergane polah tingkahmu kui ura urus
Sak karepmu sak polahmu kowe arep ngopo
Mergo aku karo kowe wis ora ono opo-opo


Chorus.
Nek pancen koyo ngene akhire
Cukup aku wae sing ngrasake lorone
Kabeh iki mungkin wis takdire
Aku mbok tinggalake tanpo mikir larane

Aku arep nglaleake wis ra bakal kelingan
Kowe kui sing hobine nglarani lenangan
Opo pancen kowe kui ora duwe belasan
Gawe utekku bocor alus edan ra konangan

Pancen anggel nglaleke sliramu soko atiku
Neng kabeh musti isoh mung butuh nganggo waktu
Kowe kui ora luwih yow mung menang ayu
Aku ra ngiro jebule yen kowe bosok atimu

Arep iye meneh nek takdire tekan kene
Aku wis nyoba dadi sing paling apik mung nggo kowe
Tapi opo tau mbok hargai malah mung tak sepeleke
Pesen terakhirku enteni wae karmane

Chorus.
Nek pancen koyo ngene akhire
Cukup aku wae sing ngrasake lorone
Kabeh iki mungkin wis takdire
Aku mbok tinggalake tanpo mikir larane




SEPARO TRESNO

(Verse.)
Yen pancen aku lan sliramu
Kudu nentokke dalane urip
Ngomongo terus erang, ora perlu alesan
Gawe coro  medot sesambungan

Wit biyen mulo aku kroso
Yen atimu mung separo tresno
Koyo sing tak rasake, ono tresno liyane
Pancen luwih becik mengkene

Roso tresno sing tak arep-arep bakal dadi slidore urip
Ra konyono malah dadi cidrone urip iki
Sak wetoro sku mikirke sliramu sing ninggalke awakku
Ra bakal tak getuni opo meneh tak tangisi
Tak ilangke kowe karo lanangan liyo
Senadyan awakku tresno tenan neng sliramu
Urip mung sepisan ra sah digawe beban
Mugo wae kowe isoh urip mapan

Chorus.
Ora bakal tak getunni
Opo meneh tak tangisi
Akeh sing liyane gelem nompo trisnaku
Bareng siso sisane trisnaku

Ora bakal tak getunni
Opo meneh tak tangisi
Akeh sing liyane, gelem nompo teka ku
Bareng sisa-sisane uripku

Sepine ati ora isoh tak apusi
Kelingan awakmu marakke aku dadi mbingungi
Padahal wis ono sing genteni
Tapi tetep wae aku raesoh bagi trisna iki
Sing tak tunggu mung kowe
Sing tak trisnani yow kowe
Tapi kowe ra mungkin bali neng kene

Uripmu saiki wis penak tumpakane wis setang bunder
Bedo karo aku nganggo ban bunder
Paitan kendel lan tenanan ora mikir kahanan

Chorus.
Ora bakal tak getunni
Opo meneh tak tangisi
Akeh sing liyane gelem nompo trisnaku
Bareng siso sisane trisnaku

Ora bakal tak getunni
Opo meneh tak tangisi
Akeh sing liyane, gelem nompo teka ku
Bareng sisa-sisane uripku

Siji loro telu aku trisno ning sliramu
Tapi saiki aku wis kelangan awakmu
Garek sisa-sisane trisnaku nggo kowe
Tapi kabeh bakal tak iling-iling
Supoyo dadi konco turu aku, lan guling

Tresno isoh teko soko kapan wae, karo sopo wae
Tapi aku ra esoh ganti awakmu karo wedokan liyane dirimu
Trisnaku tekan mati gusti kan dadi seksi

Chorus.
Ora bakal tak getunni
Opo meneh tak tangisi
Akeh sing liyane gelem nompo trisnaku
Bareng siso sisane trisnaku

Ora bakal tak getunni
Opo meneh tak tangisi
Akeh sing liyane, gelem nompo teka ku
Bareng sisa-sisane uripku



TRISNA SUDRO

Chorus.
Cah ayu- cah ayu tak enteni
Lilane wong tuamu maringke urip
Sing sabar-sing sabar yow trenaku
Ing nembe mburi bakal dadi duwekku

Yen abot sanggane nandang dadi wong sing sudro
Trisno tulus ra dipercoyo malah dipaedo
Opo pencen wong tuamu kuwi nandang sudrono
Tansah ngiro sliramu dadi uwong sing durjono
Kabeh paribasan turu pelesetan
Duh gusti uripku tansah kakean pacoban
Tapi lali wis nabung nagnti tekanne ati
Mung lilane wong tuamu isoh legane atiku

Bocah ayu ngertio roso trisna neng atiku
Roso trisno tulus mung kanggo marang sliramu
Ning opo wong tuamu ta ngrestoni trisnaku
Padahal wis tak korbanke kabeh kanggo awakmu
Duh gusti paringano kulo dalan sing padang
Supoyo kulo esoh entoke restu sing lapang
Wis supoyo kulo ora golek sing liyane
Amergo trena tulusku mung kanggo awakku

(Verse)
Duh Gusti sing tak puji
Paringono dalan kanggo jodoku


Chorus.
Cah ayu- cah ayu tak enteni
Lilane wong tuamu maringke urip
Sing sabar-sing sabar yow trenaku
Ing nembe mburi bakal dadi duwekku

Awan bengi tansah mung kelingan esemanmu
Esemanmu sing biso gawe ayemme atiku
Nganti tekan kapan isoh aku nyanding sliramu
Amergo mung sliramu sing ono neng atiku
Ngalor ngidul etan ngulon paitan modal dengkul
Ngetokke kowe sing koyo model gadis sampul
Mugo sing kuoso isoh ngerti opo  sing tak rasake
Opo sing tak jaluk bakal esoh tak kabulke

Ora bakal mungkin kulo ninggal sak lawase
Kulo pengen entok restu soko uwong tuamu
Mugo dongaku iki tak kabulke duh gusti
Mugo kono ora lali sing jenenge janji
Janji sing diucapke lambe soko ati
Aku mung pengen ngancani kowe nganti tekanne mati
Aku ikhlas yen kudu nunggu tekan semene
Angger aku entokke restu wong tuane

 Chorus.
Cah ayu- cah ayu tak enteni
Lilane wong tuamu maringke urip
Sing sabar-sing sabar yow trenaku
Ing nembe mburi bakal dadi duwekku

(Verse)
Duh Gusti sing tak puji
Paringono dalan kanggo jodoku

Chorus.
Cah ayu- cah ayu tak enteni
Lilane wong tuamu maringke urip
Sing sabar-sing sabar yow trenaku
Ing nembe mburi bakal dadi duwekku





Klaten, 13 desember2014


Sumber.

millarossa.blogspot.co.id